Rezeki Iku Ora Iso Ditiru

Rezeki iku ora iso ditiru, senajan podo lakumu, senajan podo dodolanmu, senajan podo kerjomu, hasil sing ditompo bakal bedo, iso bedo ning akehe bondho, iso ugo bedo ono ning roso lan ayeme ati, yo iku sing jenenge bahagia.Kabeh iku soko tresnane Gusti kang Maha kuwasa, sopo temen bakal tinemu, sopo wani rekoso bakal gayuh mulyo. Dudu akehe, nanging berkahe kang ndadekake cukup lan nyungkupi.

Wis ginaris ning takdirie manungso, yen opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing Kuwoso, dalan urip lan pangane wis cemepak, cedak koyo angin sing diserot mbendinane. Nanging kadang manungso sulap moto lan peteng atine, sing adoh soko awake katon padang cemplorot ngawe-awe. nanging sing cedak ning ngarepe lan dadi tanggung jawabe di sio-sio koyo ra nduwe guno.

Rezeki iku wis cemepak soko gusti ora bakal kurang anane kanggo nyukupi kebutuhan manungso soko lair tekane pati. Nanging yen kanggo nuruti karep menungso sin ora ono watese, rasane kabeh cupet ning pikirane ruwet, lan tambah marai buntet…mumet.

Welinge wong tuo: opo sing ono dilakoni lan opo sing urung ono ojo di arep-arep, semelehke atimu yen wis dadi nduwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu opo maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo dienteni wae iku bakal gawe uripmu loro rekoso lan angkoro murko sak njeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.

Yen umpomo ayem iku mung bisa dituku karo akehe bondho ndahno reksane dadi wong sing ora nduwe, untunge ayem iso di nduweni sopo wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang Pangeran, Gusti Allah ingkang Maha Dumadi.
Kerjo pancen rekoso, ananging luwih rekoso maneh yen ora kerjo, syukuri opo sing wis ono..

#repost Filosofi Jawa#kawruhjiwo #petuahjawa
Disajikan : www.kmsgroups.com

× Chat WA Langsung Klik